akhire aku nduwe
Thursday, August 31st, 2006akhire aku nduwe syal liverpool fc, syal sing aku pengeni. pas ketepak’an koncoku mlaku-mlaku nang negeri seberang, lah nangkono ono toko sing ngedhol memorabilia bal2an termasuk syal liverpool iku. aku ndelok syal iku koyok ketemu arek paling ayu sak ndunyo akhirat. syale ono tulisane "this is anfield", ngelengno aku karo tambaksari suroboyo kandange bajul ijo persebaya…be’e lek nang suroboyo dadi iki tambaksari rek!…
saking senenge syal iku gak tak gawe2 maneh setelah pertama tak buka, de’e wis mirip gendero pusaka sing mencungule lek arep 17 belasan (cik nemene karo barang ngene ae)..de’e metu lek liverpool maen dan iku setiap akhir minggu…karo koncoku andy sing liverpudlian juga (ndy, akhir pekan away karo everton ojo lali yo..)…suwun gawe nita sing sempatno tuku nang kono, liyo dino lek mlaku2 maneh aku titip maneh yo…suwun juga gawe ibuku sing ngolehi aku tuku syal (sakjane beliau ga ngerti juga, tapi gak popo lah)..i luv u mom…