Archive for October, 2006

Mlaku-mlaku nang tunjungan

Monday, October 2nd, 2006

        Rek Ayo Rek
        Mlaku-mlaku nang Tunjungan
        Malem Minggu
        Ndhelok lampu cemlorot nok embong
        Ndhelok gedhong sing mecungul nglangit
        Mal sing gedhe-gedhe

        Rek Ayo Rek
        Mlaku-mlaku nang Tunjungan
        Malem Minggu
        Tapi njekethek
        Aku gak iso kenal ambek anake sing dodol rujak
cingur
        Lha Yok Opo rek..
        Sing dodol wis digusur..
        Ambek café-café sing kleleran
        Njajakno model kulonan
        Utowo canggih, alias cangkeme nggah-nggih
        Lha sing dijujugi…
        Sing klambhi adhike digae…ngantek
        Nganthek bodine ngepret nang endhi-endhi
        Akeh pokoke..

        Rek Ayo Rek
        Mlaku-mlaku nang Tunjungan
        Malem Minggu
        Ndheloki menungso
        Sing ayu
onok, sing asu yo onok
        Sing sugih onok, sing mesugih yo onok
        Sing eksekutif onok, sing balon yo onok
        Sing sugih akeh, sing mbambung luwih akeh

        Rek Ayo Rek
        Mlaku-mlaku nang Tunjungan
        Malem Minggu
        Ndhelok akeh kedadean
        Ape blonjo tah opo mek ngumbah moto gak kathek Rinso
        Monggo ae,

        Tunjungan saiki wis canggih
        Tapi mburi kampunge sik dhedhel dhuel
        Reklame-e sik koyok kewan liar
      
Diumbar ae ambek oknum
        Lalinne yo ngluncum
        Polisie mek nyangkruk
        Sing tertip mek sing ngarepe plaza thok
        Sak luwihe, yo sak karep
        Banjire yo santer polae salurane dikrokoti tikus dasian

        Duh Tunjungan,
        Saiki akeh sing iso didhelok
        Masiyo tah, sisi elekmu yo kethok
        Tapi nek gak ono Tunjungan,
        Dhudhuk Suroboyo rek, jenenge…
        Iyo gak Cak?

        Rek Ayo Rek..
        Mlaku-mlaku nang
Tunjungan…
        Sakliyane terusno dhewe sampek tuwek..